Pages - Menu

Selasa, 02 Oktober 2012

Ngundhuh Wohe Pakarti

Paribasan Ngunduh Wohing Pakarti kadangkolo kasebut 'sing sopo nandhur ngunduh' ngemu teges telung perkoro yoiku (a) harafiah, (b) kias lan (c) mistis. Harafiah iku nèk nandhur pari yo ngunduh beras. Sing sopo sregep nyelengi ndudah celengan, sing sregep nyambut gawe ora gampang dhi-phk, sing sregep njogo kuwarasan uripe sehat wal afiat, lan sateruse. Hananging, ing kasunyatan ora tansah mengkônô, upamane gemi sregep nyelengi biso wae ora ngunduh opo2 jalaran keno lindu utowo krismon. Ngati2 kudune panen slamet ning nyatane akeh kang kerep keno kacilakan.

Coro Fisika kedadeyan koyo mengkônô iku mergo rong perkoro yoiku anane gejala (1) deterministik lan (2) chaotic. Deterministik iku tegese biso kedhugo lan chaotic iku tan keno kedhugo. Côntô deterministik upamane nibakke wojo bobot sak ton seko Monas. Tibane nang endi biso kito dhugo kanthi akurat. Chaotik iku upamane ngglundungke dadu, ora biso mbedek ongko sing bakal metu piro. Utowo, nibakke kapuk cilik seko Monas, tibane ing ngendi ora bisa dhidhugo. Jalaran kapuke bisa kabur kanginan kleyangan tememplek nang sawijining mobil, biso wae tibane nang Cengkareng.

Kedadeyan chaotic jalaran kakehan parameter utowo variabel sing nyebabke angel ndhugo.

Ing penguripan kedadeyan2 ono sing deterministik ono sing chaotik ono sing kombinasi deterministik+ chaotic. Côntô wong2 kang nyambut gawe dhadhi karyawan pekolehane deterministik, kiro2 sesasi entuk sak mônô. Wondhene sing profesine seniman, juragan, investor, lll, pekôlehane ôra ajeg, asring ôra kedhugo. Biso mumbul biso ambleg. Nek lagi chaotik biso wae nandur pari ngunduh wereng. Paribasan2 koyo berakit-rakit dihulu ber-renang2 (ber-renang2) kemudian, hemat pangkal kaya, rajin pangkal pandai, ôra tansah kedhadheyan. Biso wae menabur angin menuai badai. Biso wae gupak pulute ôra mangan nangkane.

Dhadhi paribasan ngunduh wohing pakarti mung biso kelakon yen kahanan deterministik. Nek kahanan chaotik, paribasan iku gabug (mandul). Chaotic iku kahanan gônjang ganjing, kisruh, semrawut, ôra temoto, kangèlan ndhugo asilé.

Kepindô, paribasan iku sipate pemrayôgo supoyo tumindhak kebak kabecikan lan ngedhohi tumindhak olo. Boso Melayu (sebab klebu Malaysia) : ada ubi ada talas, ada budi ada balas. Karepe nyurung wong2 podo lung-tinulung, lung-tinampen. Hananging, dhurung karuan kedadeyan koyo sing dhiarep-arep.

Biso wae : air susu dibalas air tuba. Memper karo nandur pari ngunduh wereng, nandur investasi karepe awoh bathi ning kerep2e malah ngunduh kapitunan. Dhadhi podo karô harafiah, dhurung karuwan ngunduh wohing pakarti, durung karuwan sing sopo nandur bakal ngunduh. Biso wae sing nandur si A sing panen si B

Pangertèn katelu klebu pangertèn mistis. Côntô cetho upamane hukum karma.Sing sopo tumindhak apik bakal nompo piwales. Upamane tetulung marang A biso wae nompo kabecikan seko B. Menehi dermo karo si C sawijining dino biso wae antuk rejeki seko D. Semônô ugo wong kang degsiyo marang E bakal kewales F.Ilustrasi ing pewayangan upamane radhen Gathutkoco tumindhak degsiyo marang oom Bendhono keno piwales liwat Adipati Karno. Ing kapitayan samawi kapitayane saben pakerti bakal antuk ganjaran utowo dhigebugi sawijining danyang/lelembut. Ing Kejawen ono sing arane kuwalat, yoiku tumdindak salah karô sawijining wong banjur keno sambekolo. . 
Modus operandi mistisme iku undhur-undhur kang sipate 3G yoiku gôthak gathik gathuk. Boso Yunani jenenge post hoc ergo propter hoc dhicekak post hoc = after the fact. Upamane ono wong ngenyèk wong liyo, esuke kepleset banyu nganti tibo tangane putung. Wong iku tibo jalaran kepleset banyu, ôra ono gandèng cenenge karô ngenyek. Ning dhigôthak gathik gathuk dhadhi ketoke gathuk. Nèk ono sawijining kedhadheyan dhi-gathuk2ke karo prastowo kepungkur. 
Upamane lungo lan tekan kanthi slamet. Slamete jalaran sadhurunge mangkat mau ndhôngo. Nek upamane nemahi kacilakan, iku sebab lali ndhôngo opo dhôngane ôra bener. Mistisme iku kasualitas (sebab-akibat) semu. Ndhôngo ôra kudhu coro hindu, samawi, lll. Ndhôngo menyang Hyang Monas yo keno. Upamane slamet, iku jalaran dhiayomi Hyang Monaz. Nek nganti ôra slamet, jalaran dhôngane ôra ketompo Hyang Monaz. 
Nadhyan mistisme iku klebu kleru pikir, sesat pikir, utowo fallacy, sing wigati dampake kanggô sing nglakoni positip. Semônô ugo nadhyan paribasan ngunduh wohing pakarti iku kerep2e mung gôthak gathik gathuk, anggere sing percoyo kelegan, yo ôra popo. Suwaliké nadhyan mistisme iku murakabi, iku ôra dhadhi alangan dhibedah nganggô penalar.
Comments
0 Comments

Tidak ada komentar:

Posting Komentar